Tugas Ujian Praktik TIK (9E/05 Aqilla Ennadhiazka Putri)

SMPN 1 Kota Kediri

Laporan Asil Observasi Bahasa Jawa


LAPORAN ASIL OBSERVASI

AQILLA ENNADHIAZKA PUTRI/ 9E/05

 

Irah-Irahan
Laporan Asil Observasi Pantai Gemah

Dhefinisi umum

Pantai Gemah yaiku salah sijine pantai sing ana ing Tulungagung, tepate ing Desa Keboireng, Kecamatan Besuki, Kabupaten Tulungagung.

Saka pusat Kabupaten Tulungagung lokasine Pantai Gemah kurang luweh 37 kilometer, wektu tempuh saka pusat Kabupaten Tulungagung kiro-kiro 60 menit menawa kondisi jalan ora rame.

Pantai Gemah minangka obyek wisata pantai sing paling populer dibandhingake karo pantai liyane ing Kabupaten Tulungagung. Saben akhir pekan lan liburan sekolah pantai iki ora tau sepi soko pengunjung.

Dheskripsi Bagean

Pantai Gemah dadi pantai sing paling popular ing Kabupaten Tulungagung amarga duwe daya tarik kanggo wisatawan.

Pantai Gemah duwe pasir sing warnane coklat kurang luweh 2 kilometer. Perpaduan pasir karo banyu laut sing warnane biru nambahi apike pesona pantai Gemah.

Lingkungan ing sekitar pantai akeh wit-witan pinus jejer-jejer sepanjang pantai, watu-watu gedhe lan tebing watu karang katon seger lan asri.

Pantai iki duwe ombak sing ora pati dhuwur, cocok gawe wahana liburan kaluwarga. Wisatawan iso lungguh-lungguh nggelar kloso/ tikar karo nyawang -nyawang pemandangan lan ngrasakake hawa pantai sing sejuk lan seger.

Sak liyane kuwi, ing lokasi pantai ana persewaan ATV lan motor trail. Kendaraan ini kanggo jelajah pinggir pantai. Tarif sewan ATV 50-100 ewu rupiah saben jam manut jenise lan cc kendaraane.

Wahana liyane ing pantai Gemah yaiku flying fox, banana boat lan prau.

Ing sekitar pantai akeh kios-kios lan warung sing dodolan maneka warna, kayata iwak laut, cumi-cumi, panganan siap saji, pedagang souvenir, klambi, jajanan, lan liyane.

Dheskripsi manfaat

Pantai Gemah nduweni maneka warna kaendahan sing ndadekake ati ayem tentrem. Perjalanan menyang Pantai Gemah lewati dataran tinggi, wisatawan iso nyawang endahe pemandangan saka dhuwur. Pantai pasir kecoklatan, wit-witan pinus sing jejer-jejer ing pantai katon saka duwur bukit pas perjalanan nyang pantai Gemah.

Sadawane dalan aspal sing berkelok- kelok menyang Pantai Gemah, sampeyan bakal weruh bukit gamping lan bongkahan watu sing apik banget. Ing kiwa tengene dalan tumuju Pantai Gemah akeh banget watu-watu lan ijone tanduran yen sawang katon ijo royo-royo.

Pantai Gemah uga cocok dadi papan kanggo nindakake macem-macem kegiatan sing nyenengake kayata nyewa lan numpak ATV mubeng-mubeng ing sekitar pantai,  nyewa prau, golek iwak hias lan watu karang ing pantai, dolanan layangan, bakar iwak bareng kanca lan kaluwarga. Pantai Gemah cocok gawe rekomendasi liburan dan rekreasi kaluwarga.

 

Share:

About Me

Hey, this is Aqilla ! Hi hellaurr, welcome to my blog, i hope blogku ini bermanfaat buat kalian semuaa n don't forget enjoy it !! Soo~ L...

Arsip Blog

Recent Posts